Jagad Dagelan

Jagad Dagelan Guyonan-guyonan jenaka penghibur jiwa

PRIA MASA DEPAN.... ?Opo yo pria masa depan kuwi mesti sugih mblegedu, duwe duit sekarung dienggo bantalan turu?Opo yo k...
14/02/2025

PRIA MASA DEPAN.... ?

Opo yo pria masa depan kuwi mesti sugih mblegedu, duwe duit sekarung dienggo bantalan turu?

Opo yo kowe iki ora mikir? duit ora melu gawe, ora melu cetak, opo meneh yo ora melu gambar, kok yo bok pek? bok duweni?

Opo yo ora isin?

Pria masa depan kuwi giat bekerja awan lan bengi.

Awan nyukupi butuhe pangan, bengi nyicil gawe bayi...

Rumangsamu gawe bayi kuwi gampang? urung mesti suwengi dadi... bengi iki, bentuk raine sing apik, sesuk bentuk bodine, sesuk milih werno kulite...

Iha yen perkoro lanang opo wedok, kuwi pasrahke sing kuoso! itulah pria masa depan...

HUJAN DISORE HARI(mohon maaf bila ada kesamaan nama dalam tokoh ini.. 18+)wayah soré dhasaré udan paling cucok mimik kop...
12/02/2025

HUJAN DISORE HARI

(mohon maaf bila ada kesamaan nama dalam tokoh ini.. 18+)

wayah soré dhasaré udan paling cucok mimik kopi karo udut. nèk duwé..
ndilalah,, Sarimin (pak RT ning desoku), uduté entèk, kopi yo ludes.. arep ning warung tuku kopi karo udut kok yo udan.. mergo lambé rasané kecut mulané Sarimin duwé pikiran nyilih payung duwèk’é Paidi sing omahé jèjèr karo omahé Sarimin
tekan omahé Paidi,, Sarimin curiga mergo ning ngarep kamaré Paidi ono sandal cewek.. mergo penasaran Sarimin nempelké kupingé ning lawang kamar sing digawé seko triplek..
bareng krungu gunemané cewek karo Paidi ning njero kamar, Sarimin mrinding..

Paidi: “dhik Sri,, aku kangen kamu..”
Sri: “aku juga mas Paidi.. aku iso ngrasake cintamu mas..”
Paidi: “hatiku slalu bergetar dhik Sri, auramu sungguh memporak porandakan benteng hatiku”
Sri: “lho.. jaréné hatimu kokoh koyo gapuro mas??”
Paidi: “yèn weruh kowé gapurané ambruk dhik,, sorot matamu ibarat air yang bisa menembus pori-pori pertahananku, lembut wajahmu bagai angin yang mampu membuat keras hatiku terkikis, gemulaimu membuat aku tidak mampu mengendalikan gejolak hatiku dhik..”
Sri: “ah mas Paidi,, aku pasrah bongkokan mas”

Paidi: “saiki wae ya dhik, udan iki marai adem..”
Sri: “iya mas.. ning alon-alon wae ya..”

Paidi: “piye dhik rasane??”
Sri: “anget mas.. sarungé tak bukak oleh mas??”
Paidi: “sak karepmu dhik.. sing penting dhik Sri seneng..”
Sri: “weehhh.. dhiwut-dhiwut iki opo mas..??”
Paidi: “yo kuwi RUDALé dhik..”
Sri: “wuluné apik yo mas, sering dikramasi ya?”
Paidi: “yo embuh.. kui gawan bayi dhik..”
Sri: “tak elus-elus oleh ora mas??”
Paidi: “olih bingiitss,, ning ngati-ati dhik kui iso dadi ganas..”

Sarimin ora sabar banjur mbukak lawang karo mbengok:

“LHA..!!! KONANGAN KOWE..!!!”

Paidi karo Sri kaget setengah mati karo njondhil..

Paidi: “lho.. Pak RT.. wo..wo.. wonten nopo pak..??”
Sarimin: “sopo sing ngajari dolanan RUDAL..?? RA ILOK,, DOSA.!!”
Sri & Paidi: “dolanan RUDAL kok dosa to pak RT..??”
Sarimin: “ndadak mbukak sarung barang kui?? kowe yo durung muhrim.. dosa.. NGERTI ORA??!!!!”
Paidi: “ooo… RUDAL niki jenengan kucing pak RT,, lha wau wangsul saking tumbas kucing kulo kudanan trus kucingé kulo buntel sarung”
RUDAL: “MEOONGGG”
Sarimin: “ #$@!/^&*$*”

Address

Pageruyung
Banyubiru
51361

Website

Alerts

Be the first to know and let us send you an email when Jagad Dagelan posts news and promotions. Your email address will not be used for any other purpose, and you can unsubscribe at any time.

Share