07/01/2026
Layoo... Dadi ngene bolo ceritane; Keputusan Panitia Pengawas (Panwas) Kecamatan Kauman sing mbatalake lan maringi rekomendasi penjaringan ulang 5 formasi perangkat desa nyang Desa Kauman saiki dadi polemik dowo.
Soale, keputusan kuwi dinilai cacat hukum, ora adil, lan ngrugekake calon-calon sing sakdurunge wes dinyatakne lolos.
Bab iki disampekké dening Fuad Hadi Mustofa minongko penasehat hukum soko 3 klienne, yoiku Ringga Mega Saputra (calon Kamituwo Dukuh Kepek), Fadila Wardi Nilsa (calon Staf Keuangan), lan Anisa Shofi Septianingrum (calon Kamituwo Sejeruk).
“Putusan pembatalan iki cacat hukum, mergo klien-klien kulo blas ora tau dilibatké ing proses mediasi sakdurunge. Mulane keputusan iki diroso ora nyukupi rasa keadilan tumrap klien kulo sing wes dinyatakne lolos adhedhasar perhitungan nilai ujian,” teges Fuad, Rebo (7/1/2026).
Miturut Fuad, 3 klienne kuwi wes nglewati kabeh tahapan prosedur, wiwit soko pemberkasan, pencalonan, nganti ujian, kabeh wis manut petunjuk panitia.
“Kabeh wis dilakoni kanthi tertib lan manut aturan soko panitia. Pemberkasan, deadline, nganti ujian, kuwi wis dilewati kabeh,” ujare.
Fuad nerangake, pembatalan iki wiwit muncul pas enek pembacaan total nilai. Naliko kuwi, enek salah siji pihak sing nyeruak lan nyebut yen panitia ora iso nuduhake checklist fisik penerimaan Surat Keputusan (SK) pengabdian.
Sanadyan mangkono, klienne Fuad ngakoni yen dokumen SK kuwi sejatine wis diserahke, lan malah wis diakoni kanthi lisan dening panitia.
“Masalahe, ing kono pancen ora enek kolom checklist khusus kanggo SK. Nanging poro peserta iki wis nyerahke berkas pas deadline sing wis ditetepke panitia, lan panitia ugo wis ngakoni kanthi lisan. Mung wae ora ketulis nang checklist,” terange.
Fuad negesake maneh, klienne ora mung nyerahke pas deadline, nanging enek ugo sing nyerahke luwih awal.
“Panitia malah tau nambah tenggat wektu liwat grup WhatsApp nganti tanggal 25–26 September 2025. Nanging klien kulo wis nyerahke berkas tanggal 13, 22, lan 23 September,” jlentrehe.
Saliyane kuwi, Fuad ugo nyebut proses mediasi sakjane isih mlaku. Nanging, Panwascam malah njupuk alih kewenangan lan mutusake kanthi sepihak kanggo mbatalake seleksi lan ngulang soko awal.
“Sing luwih ngagetne maneh, klien-klien kulo sing sakdurunge ora tau diundang mediasi, ujug-ujug nompo undangan mung kanggo ngrungokake pembacaan putusan dino iki,” tambah Fuad.
Naliko pembacaan putusan kasebut, miturut Fuad, pihak panitia penyelenggara malah ora enek sing gelem moco utawa nyetujoni keputusan Panwascam.
“Kita nganggep keputusan iki durung final. Soko pihak kecamatan ugo disampekké bakal enek ruang mediasi maneh. Kulo lan tim bakal terus ngawasi perkara iki nganti klien kulo entuk keadilan sing maksimal,” tandase.
Sementara kuwi, Toni Khristiawan, S.STP, M.Si, Ketua Pengawas Pengisian Perangkat Desa sekaligus Camat Kauman, negesake yen keputusan pembatalan 5 formasi lan rekomendasi seleksi ulang wis resmi dijupuk.
Miturut Toni, keputusan kasebut dijupuk sawisé Panwas nompo sawetoro pengaduan babagan proses seleksi, lan wis liwat tahapan mediasi lan pengkajian manut aturan sing berlaku.
“Ing tahap awal, asil mediasi nyepakati pembatalan formasi Banyuarum lan Mberbot, mergo ora enek peserta sing nyukupi passing grade ing bidang pengetahuan khusus,” terang Toni.
Sabanjure, sawisé enek rapat bareng Panwas, panitia penyelenggara, lan proses pengkajian luwih lanjut, diputusake ugo kanggo mbatalake telung formasi liyane lan nindakake penjaringan ulang.
Telung formasi kuwi yoiku Kamituwo Kepek, Kamituwo Sejeruk, lan Kasie Urusan Keuangan.
Toni nerangake, dasar pembatalan 5 formasi kasebut enek 2 poin utama soko pengaduan sing mlebu.
Poin kapisan, enek masalah passing grade sing sakjane ora nyukupi syarat nanging malah diluluske dening panitia.
Poin kapindho, enek dokumen susulan sing dianggep ora syah lan duwé pengaruh marang nilai akhir peserta.
Ngenani klaim peserta sing nyebut SK pengabdian wis diserahke nanging ora ketulis nang checklist, Toni nerangake yen persoalan iki muncul amargo panitia mbukak maneh penerimaan SK sedino sadurunge ujian (H-1).
“Nalika enek tuntutan kanggo mbuktekke yen SK kuwi wis didaftarke ing tahap awal, panitia ora iso nuduhake bukti tertulis opo wae. Iki sing dadi dasar Panwas njupuk keputusan,” ujare.
Miturute, sanadyan peserta ngaku wis nyerahke dokumen soko awal, ora enek bukti tertulis nggawe kecurigaan yen dokumen kuwi lagi diserahke pas H-1.
“Yen iso dibuktekke yen dokumen wis diserahke soko tahap awal, mesthine asil bakal bedo. Nanging mergo ora enek bukti, langkah tengah sing dijupuk yoiku pembatalan. Opomaneh yen dokumen kuwi dikecualike, bakal nduwé dampak marang passing grade sakabehe lan iso nggawe peserta ora lolos,” papare.
Toni negesake, Panwas wis maringi rekomendasi marang panitia lan pemerintah desa supaya nindakake penjaringan ulang.
“Kewenangan pelaksanaan pancen enek ing panitia lan desa. Nanging sing jelas, adhedhasar keputusan Panwas, kelima lowongan jabatan kasebut kudu dijaring ulang,” pungkasé.
Layo to bolo, akhir2 iki koyoke kok akeh masalah penjaringan perangkat Desa nyang Wilayah Kabupaten Ponorogo to. Opo mungkin kuthone awake dewe iki wes wayahe perlu ruwatan masal yo?
Sumber beritane soko mediaponorogo.com yo bolo.