28/05/2025
CRITA LANGIT
Bab I – Langkah Sepi Ing Jalur Merapi
Swasana esuk ing basecamp Selo kados ngandhut kidung sunyi. Kabut lumambang alon, nyelimuti wit² cemara lan bangku² kayu kang udakara teles dening embun wengi. Swara alas kados ngendika lirih, nanging nyusup nganti pucuking batin.
Lintang, pria 25 taun, ngadeg piyambakan ing pinggiring warung cilik cedhak pos pendaftaran. Ransel ireng nangkring ing pundhaké, sepatu trekking sampun siap nyandhak jalur. Raine rada lemes, nanging mripaté tajem. Ning galihé, mung kepengin ndaki—ngendhokaké rasa.
Nalika iku, saking arah parkiran, lumaku wanita alit nganggo buff ungu lan jaket gunung céthekan cokol. Ransel cilik, nanging kaya kebak. Sekar. Wanita ayu yuswa udakara 23-25, rikmane cemeng lurus,ayunè alami. Paningalé kadang ngelirik Lintang, nanging cepat dialihaké manèh.
“Eh, nuwun sewu… punika jalur mlebet pos pendaftaran?” suara Sekar rada pelan nanging cetha.
Lintang noleh, rada kagèt. “Nggih, mbak… punika mriku. Punika tulisane… nanging rada ketutup kabut.”
Sekar mèsem tipis. “Matur nuwun, Mas… kula rada bingung wau, katingalé warung ketimbang pos.”
Lintang mèsem alit. “Warunge memang menang ngarep, petugasé kalah tenar…”
Sekar ngguyu lir. “He he… Mas punika pendaki solo?”
“Nggih. Mas punika… eh, aku… iya, piyambakan,” ujare Lintang, rada kaku. “Mbak niku…?”
“Sami, piyambakan,” wangsulé Sekar. Ana jeda sedhela. Sekar nyeleh jaket sathithik, lan ngelirik tenda cilik kang digelar ing sacedhaking lapak.
Lintang, rada ngrasakaké aneh, banjur nyeletuk, “Ndaki piyambakan niku kadang rasane… kaya dolanan monopoli, mung ora ana seng isa barengan nang ‘start’.”
Sekar ngguyu malih. “He he he… lucu ugi, Mas.”
Lintang ndeleng Sekar sekedhap. Ana semu geter aneh, nanging mbaka sethithik rasa sepi kang biyèn mblusuk ing dadané wiwit sumingkir.
Nalika kabut wiwit nyirnak, Lintang lan Sekar melangkah bareng ning jalur awal pendakian. Satengah alas, satengah watu, awan gumulung ing pucuking Merapi kaya tameng sakral sing nyumputaké rahasia.
Sekar mlaku rada cepet, nanging saben sakwisé telung langkah tansah nyawang mburi.
Lintang, sambi mbeneraké topi, nyeletuk alon, “Mbak… kok kadosé nggonku dadi sweeper yo?”
Sekar mandheg sekedhap, mèsem. “He he he… kulo mboten kepengin ngganggu irama langkahipun Mas… kulo ugi mboten kepenak yen diuntal kabut piyambakan…”
Lintang ngguyu cilik. “Aman, Mbak. Kabut ora doyan pendaki, doyané mie goreng pos loro.”
Sekar klepas ngguyu tenan, ngowahi swasana kang sakdurungé rada kaku. “He he he… Mas punika model pendaki kang maem sithik nanging banyolané kathah, nggih?”
Lintang ngedeg, pura-pura ngangsu napas. “Niku kunci pendakian langgeng, Mbak. Yen ora kuat fisik, ya kuat banyolan…”
Swara mak-mak krungu saka kadohan: klotak-klotak panci saking warung Pos 1. Suwene perjalanan rada bisu, nanging ora nelangsa. Suwene suwene, langkah loro kuwi malah kaya duet penari: kadang maju bareng, kadang Sekar luwih dhisik, kadang Lintang ngentèni. Nanging ora ana seng ngucap: “Ayo bareng.”
Ing satengah dalan, krungu suwara: “Krik… krik…”. Suara sing ngagetaké, saking semak-semak.
Sekar mandheg ndadak. “Mas… punika opo, yo?”
Lintang nyawang semak, terus ngedek-ake rai: “Mungkin uwong… mungkin kebo… mungkin mantan kang durung bisa move on…”
Sekar ndelik mburi Lintang, pura-pura wedi, “Heh! Aja ngono! Nek mantan tekan alas, mengko ngajak balikan nganggo sinyal sithik…”
Lintang ngakak, “Heh, ngene iki lho... nek pendakian karo mantan, jalur mung siji: ora tau tekan puncak…”
Dheweke padha gumuyu bareng. Nanging ing njero, Lintang krasa ana sumilaking rasa kang durung isa dijenengi. Sekar, ing antawisipun guyu lan semu isin, mung nyawang bumi lan langit. Nanging saben wektu, krungu swara sikli loro kasebut, ana rasa nyaman kang muncul tanpa sebab.
Dina iku, dheweke tekan Pos 1 sadurunge awan. Swasana seger, pang-pangan cilik wis nggodha.
“Nuwun sewu… Mbak… niku jajanan favorit kulo,” ujare Lintang, ndeleng gorengan mung kari siji.
Sekar ndeleng gorengan kuwi, terus semu mikir. “Sami, Mas… kulo ugi… kersa.”
Kedadeyan sepi sawetara detik.
Lintang mejet dagune, pura-pura mikir. “Timbang rebutan… piye yen kita main suit?”
Sekar nyengir. “He he he… piye nek kalah, Mas?”
“Kalah… trima ditraktir wedang ronde.”
Suit dimulai. Lintang kertas. Sekar gunting. Wedi kalah.
Lintang nyedhaki warung. “Mbakyu… gorengan siji, lan wedang ronde kalih. Kalah kok nikmat...”
Sekar ora ngendika, mung mèsem tipis, nyawang langit kang saya peteng. Nanging ing njero, rasa anget malih nyusup: ora saka wedang, nanging saking tembung-tembung Lintang.