19/06/2023
Umah Kontrakan Angker Ning IMKOT
Bengen lagi kita sekeluarga masih ngontrak, olih kontrakan umah gede sing murah ning imkot, sewulane mung 300rb (olih bayar wulanan), kaceke adoh karo umah kontrakan sing ning komplek BTN kang waktu semono regane 7jt/thn (bayare kudu langsung setaun). Laka curiga apa-apa cuma aneh bae lamun ana tangga liwat meng arep umah ora lok nyapa, padahal ning arep umah ana wong lagi midang, sing liwat gah mlakune rada gelis lamun liwat umah kuen tengah wengi.
Sewulan pertama biasa bae, wulan keloro masih biasa bae, pas wulan ketelu mulai kerasa angker, mulai kerasa akeh gangguan sing gawe merinding, kadang pas waya magrib ana sing ngetok-ngetok lawang, kadang tengah wengi gawe kaget tiba-tiba ana sing gedor lawang santer pisan sampe bayi tangi nangis jejeritan, wong wadon sampe setres keweden sampe sering nangis-nangis.
Ngontrak ning umah kuen mung kuat 4 wulan bae, akhire terpaksa kita nyoba ngredit umah BTN, pas kaberan lagi ana kpr subsidi dp mung 500rb bersih wis terima kunci. alhamdulillah sewise ngalih ning umah BTN keluargae kita tenang laka sing ganggu maning, wis laka sing gedor-gedor lawang nagih kontrakan, paling mung telepon bae sing bank.
Wis semono bae kandae, kesuwun wis merhatiaken ๐๐ป