03/10/2026
KLINGG!
Admin pernah diajak ngobrol "perkara mistik", sangkut paut hal gaib sing dadi kebiasaan utawa malah bisa disebut "hobi" kultur masyarakat Jawa. Adoh sampe mentiyur kayangapa obrolane, mentog-mentoge angger urusan gaib, baka beli gaib berarti beli adoh sing urusan pikang selangkangan.
Jal titenana obrolan wong Jawa: mung urusane kuwen iku:
1. Bab pekaya
2. Bab Pikang/selangkangan.
3. Bab mistik.
Tapi, ningesor kiyen cerita bener.
Tetahunan admin liwat dalan kiyen, malah pernah saban dina liwat sebab lagi ana tuntutan pekerjaan. Tapi, sore kuwen kebeneran admin gawa Vespa, melaku liwat toang dawa, sebab bengsin pan pragat, admin alon-alon niteni bokat bae ana warung dagang bengsin eceran.
Seuwise liwat tikungan sing dalan kiwe tengene akeh tanduran wiwitan Mahoni, ning ujung dalan seberang wit baujan gede, katon ana rak botol bengsin di jejer-jejer pinggir dalan.
Ning bathin admin: "Lho, kok ana warung ningkene, tembe weruh!".
Tarik kopling Vespa mudun gigi 3, 2, 1, wis mandeg dau posisi netral, Vespa lanjut standar ngadeg, buka jok, isi olih samping "Ipone" dikit sedurung tuang bengsin. Admin nembung sing jaba warung: "Punten, bengsin-bengsin, sisan tambah angin, Kang!"
Sebab perjalanan rada adoh, admin ucul helm bari sarung tangan ngaso senderan ning pago warung. Bari mapan leyeh-leyeh mata admin ilang-iling tempat sekitar. Tetahunan liwat dalan kiyen nanging tembe weruh ana warung.
Y: "Pirang botol, Mas?"
X: "Loro, Pertamax Kang!"
Y: "Ya, Mas!"
X: "Sisan ban tambah angin!"
Y: "Ya!"
X: "Melu andon ngaso dikit, Kang Kaji. Baka ana kopi sisan gawe kopi. Olih, andon ngaso, Kang Kaji?"
Y: "Amiin diundang Kaji. Mbutemen kapan pan mangkat kajie. Ya olih, masa andon bae blolih?"
Admin ilang-iling tempat sekitar maning. Bangunan kayu wis lawas, paku kayu ranggon uga lawas, ana bekas-bekas bungkusan panganan sing wis dadi sampah, berarti warunge wis suwe, ana ning pinggir dalan tapi kenangapa reang dau weruh sekiyen?
Sing duwe warung teka gawa pesenan kopi, reang iseng takon:
"Kang, awit kapan sampeyan duwe warung dagangan ningkene?"
Gelas kopi ditaroh iringan reang, beli langsung jawab tapi melu dodok nyuled udud kretek dikit, awake sandaran pago ranggon madep arah dalan. Sepintas, bari ngetokaken puput udud, cahya matane kaya rada kosong setengah ngelamun.
Y: "Priben Mas, arep ngomongaken sampeyan dau deleng ningkene ana warung tah? Kula wis warungan nem tahun, Mas"
X: "Lho, kok paham, padahal durung ngomong, rupane wong sakti sampeyan kang kaji, kosi weruh sejeroning winarah treteg ati kula"
Y: "Usaha dagang blenak bae, beli mung sampeyan sing ngomong dau katon ana warung ningkene, padahal wis nem tahun lawas jamane. Akeh uwong takon dau deleng warung padahal liwat saban dina!"
X: "Ya kang kaji, kula dau weruh ana warung. Liwat dalan kiyen wis ora keitung. Kuniku kula takon, baka wis nem tahun, kudune kula weruh, pader dalane cilik orah, saban dina tak liwati bae'.
Y: "Sampeyan percaya takhayul, Mas?"
X: "Waduh, rada keder jawabe kinih. Baka percaya, kula iki wong modern sing nom-nomane dolanan komputer, baka beli percaya, tapi beneran dau weruh ana warung ningkene.
Y: "Apa kita kih sengaja "digawe" uwong tah ya? Ditutup dalan rejeki usahae. Tapi sapa sing mengkonon, kitae duwe salah apa sampe semonone digawe-gawe. Mbuh digawe sebaran tanah kuburan apa tanah "panguragan".
**Mitos tanah Panguragan Cirebon, dipercaya (bagi sing percaya) Jeh jarene nganggo keniatan khusus bisa gawe "murag" segala usaha, bener apa beli, admin no komen.
X: "Waduh, obrolane keliwat jero, rada ora paham kula kang, tapi jiwa sampeyan rasakaken beli baka awak lagi "digawe", apa ana sing beda konon kah?"
Y: "Ya kapa mung kanggo mangan mangan bae tah ana bae, ora kurang mangan ora apa, tapi mau kah, bawarasa blenak bae segala usaha bari pekaya, adoh bae. Priben pan maju baka usaha beli dideleng uwong?
Admin rongokaken kandaan bari nyeruput wedang kopi, rogoh-rogoh kantong udud ngemet Marboro bari Zippo. "KLING!", pucuk udud nempel geni, pupute tak tarik jero, aroma tembakau khas Marboro gawe tukang warung ngelitik.
Y: "Masih ana sing kuat bae tuku udud kuwen. Kula tah ampun, sewungkus regane seketewu luwih, mending duite kanggo tuku beras, karuan lagi serba kangelan iku luru sumber penguripan. Kuwen Zippo asli tah mas, pira kinih?"
Admin keder ngomonge dadi serba salah, ana rasa sungkan. Bawarasa dadi wong paling sombong sejagat, nalika rakyat lagi serba susah bari kangelan finansial, tuku beras bae akeh pertimbangan, reang kaya ora terpengaruh sama sekali.
Tak met maning korek Zippo type Art Deco Europe Limited Edition sing tak tuku tahun 2021 garansi seumur hidup, regane pitung juta pitungatus tuku ning emol Senayan nalika jaman semana, tapi beli tak ucap regane, tak tumpuk ning duwur bungkus Marboro terus tak parekaken ning wong warung:
"Manggaaa, aja isin-isin dijajal dikit mantak apa sebatang rong batang, wis lawas beli ngerasani udud rega seketewu punjul orah? Apa maning di sulede bari orijinal Zippo?".
"KLINGG!"
"KLINGG!
Tutup Zippo dibuka tutup wong warung, rupane paham priben cara nganggo Zippo, berarti wong ngerti, heavy smoker, bengene wong gaul, ketenger sing dandanane bagena jarene lagi susah, katon cara wong kota nyandang, kulit awake bersih.
Terakhir Zippo muni maning bari nyuled Marboro: KLINGG!
Reang ngomong:
X: "Hal-hal sing sampeyan kandakaken iku baka jare kula perihal sing berhubungan bari spiritual. Dudu gaib ngandakaken setan bengaok, tapi spiritual, kejiwaan. Baka sampeyan kanda digawe-gawe utawa diguna-guna, kuwen dudu gaib, tapi erat hubungane karo sugesti. Ndilalah, sebab warung posisi tikungan, para pengendara luwih fokus deleng tikungan tenimbang niteni warung sampeyan, dadi kaya beli katon. Wajar baka segala rasa di amini dadi hal sing diluar nalar. Sebab hubungane bari jiwa, coba digawe seger jiwa sampeyan".
Y: "Carane priben?"
Coba rasakaken baka melaku tangpa alas kaki, tangpa sendal sepatu, endah tapak sikil rasakaken aura positif energi bumi. Tukua setumpuk sandangan anyar terus dinggo, supaya bawarasa sampeyan dadi berbeda, luwih percaya diri. Sandangan lawas sing wis blesak aja dinggo maning. Upahana uwong panganan supaya mangan, upahana nginung. Gawanen duit, upahana bocah cilik-cilik duit.
Lunasana utang, tukua iwak urip, uculaken kali. Tukua manuk, uculaken endah bebas mabur. Apa bae sing terkurung, bebasaken, termasuk pikiran. Tanduren wiwitan, disirami. Baka udan bengi, metua tangpa payung, rasakaken energi positif langit manjing ning awak. Rasakaken banyu udan tiba marang awak, rasakaken rasa atise sing manjing sampe ngesor kulit.
Seminggu kiyen tetep berbaik hati, aja ngandakaken uwong, aja mikiri sing beli penting, seminggu kiyen aja ana sing salah, Jumat ngarep pasti ana sing beda. Dudu gaib, tapi supaya jiwane bari uripe balik maning dadi seger.
Beli percaya?
Jajalen!
Admin bayar kopi, tambah angin, bengsin, lanjut perjalanan tinuju balik.