13/05/2025
Iki sun njlentrehake perangan tasawuf kanthi cara sing gampang dimangerteni lan iso dilakoni saben dinane. Mugio dadi pituduh urip.
1. TAKHALLI (Ngresiki ati saka sipat ala) Tegese: Nyopot sipat-sipat ala saka njero ati. Contone laku saben dina: Yen weruh tangga oleh rejeki, aja iri. Ucapna, “Alhamdulillah, muga-muga barokah.” Yen ana wong misuhi panjenengan, ojo dibales nesu, cukup meneng lan ndonga, “Mugi Gusti maringi pituduh.” Yen duwe prestasi, aja gumede, elinga yen kuwi paringan Gusti Allah.
Tujuané: Ati dadi resik lan ora kemrungsung.
---
2. TAHALLI (Ngisi ati karo sipat utama) Tegese: Ngganti sipat ala nganggo sipat utama (akhlak karimah). Contone laku saben dina:
Ajar sabar nek ditimpa masalah, ngomong, “Inna lillahi…” Sering ucapake syukur, senajan mung iso mangan tempe. Nglakoni kabecikan tanpa ngarep pujian. Aja nekad mangan sing dudu hakmu (zuhud).
Tujuané: Ati dadi papan kang disenengi malaikat, ora diganggu setan.
---
3. TAJALLI (Katone cahya Gusti Allah ing ati) Tegese: Rasa manunggal karo Gusti, ati padhang, ngerti tujuan urip. Contone laku saben dina:
Nek solat, atimu krasa kaya ana ing ngarsané Gusti. Yen nyawang alam, atimu ngrasakaké keagungan lan katresnané Pangeran. Solat, dzikir, lan sedekah ora amarga kewajiban tok, nanging amarga tresna.
Tujuané: Urip ora mung ngelakoni aturan, nanging ngraoske makna urip sejati.
---
4. MUJAHADAH (Perjuangan nglawan nafsu) Tegese: Ngolah awak lan ati supaya ora dikuasani nafsu donya. Contone laku saben dina:
Nahan rasa pengin nesu, banjur milih meneng. Ngurangi mangan enak, luwih milih sederhana. Ajar turu luwih awal lan tangi luwih esuk kanggo tahajud.
Tujuané: Ngendhaleni awak lan napsu supaya atimu bisa mimpin uripmu.
---
5. MURAQABAH (Rumangsa tansah diawasi Gusti Allah) Tegese: Rasa eling lan waspada, ngrasakaké Gusti tansah ana. Contone laku saben dina:
Yen arep ngapusi, elinga: “Gusti Allah ngerti.” Nalika dhewekan, tetep nindakake sing bener. Tansah introspeksi: “Apa Gusti Allah ridhlo karo lakuku dina iki?”
Tujuané: Nggawé kita jujur lan ati-ati ing saben tumindak.
---
6. DZIKIR LAN WIRID : Tegese: Ngelingi lan nyebut asmane Gusti Allah kanthi hati sing khusyuk. Contone laku saben dina:
Istighfar ping 100 saben esuk/sonten. Sholawat ping 100 saben dina. Njaluk pangapuro lan ndedonga saben arep turu.
Tujuané: Ati dadi seger lan cedhak karo Gusti, ora kesandhung urip donya.
---
7. FANA’ lan BAQA’. Tegese Fana’: Sirnane rasa “aku”, ora gumede, kabeh diserahke marang Gusti. Tegese Baqa’: Tetep urip kanthi rasa manunggal karo kehendhak Gusti. Contone laku saben dina:
Aja nganggep prestasi iku hasilmu dewe. Elinga: “Iki mung titipan Gusti.” Saben uripmu tansah nyedhak marang kahendak Pangeran. Ngabdi marang sesama amarga tresna marang Gusti Allah.
Tujuané: Ngrasakaké urip mung kanggo Gusti, lan tansah ana ing pangayomané.