31/12/2025
AMALANE SETAN
Allah Ta'ala dhawuh :
یَـٰۤأَیُّهَا ٱلَّذِینَ ءَامَنُوۤا۟ إِنَّمَا ٱلۡخَمۡرُ وَٱلۡمَیۡسِرُ وَٱلۡأَنصَابُ وَٱلۡأَزۡلَـٰمُ رِجۡسࣱ مِّنۡ عَمَلِ ٱلشَّیۡطَـٰنِ فَٱجۡتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمۡ تُفۡلِحُونَ
"Heee wong-wong kang padha iman, satemene inuman, main, (kurban kanggo) brahala lan uga lotre, kui kabeh kalebu tumindak kang jejemberi lan kalebu amalane setan.
Prayoga padha sumingkira saka tumindak kang kaya mangkono, supaya sira kalebu golongane wong-wong kang bejo."
(Al Maidah : 90)
--------------
_mangga sami dipun gethok tularaken supados sedherek sanesipun ugi pikantuk manpangat.._