22/05/2026
[Polisi Geledah Kamar Oknum Kiai di Ponorogo, Kasur hingga Tisu Diamankan]
Jawa Pos Radar Ponorogo – Penyelidikan kasus dugaan asusila sing nyeret JY, oknum pengasuh Pondok Pesantren Tahfidzul Quran Raden Wijaya, Desa Pulosari, Kecamatan Jambon, terus berkembang.
Sing paling anyar, Satreskrim Polres Ponorogo nggeledah omah pribadi tersangka pas Selasa sore (19/5).
Penggeledahan kuwi dilakoni kanggo nggoleki lan ngamanke barang bukti sing ana hubungane karo dugaan tindak asusila marang para santri.
Kasatreskrim Polres Ponorogo AKP Imam Mujali ngomong nek penyidik fokus nggeledah kamar pribadine JY sing diduga dadi lokasi kedadian kuwi.
Seko lokasi, petugas ngamanke sawetara barang bukti. Wiwit kasur, klambi, dokumen perizinan nganti tisu.
“Penggeledahan ini untuk mengumpulkan alat bukti, menguatkan atas dugaan tindak pidana yang dilakukan tersangka,” kata Imam, Jumat (22/5).
Dheweke memastikan nek ora ditemokake barang terlarang pas proses penggeledahan kuwi.
Nanging, kamar pribadine tersangka saiki wis dipasangi garis polisi kanggo kepentingan penyidikan luwih lanjut.
“Ruangannya untuk dugaan itu (asusila, Red), ruang pelaku langsung yakni kamar pelaku,” jelasnya.
Diketahui, polisi wes netepke JY dadi tersangka dugaan kasus asusila marang 11 santri lanang.
Enem korban neng antarane isih status bocah sing durung cukup umur.
Seko hasil penyelidikan sementara, aksi dugaan asusila kuwi disebut wis berlangsung wiwit tahun 2017.
Modus sing digunakake tersangka yaiku njaluk santri teko neng kamar nganggo alasan pijet refleksi.
Pas kondisi kuwi, tersangka diduga nindakake tindakan asusila marang para korban.
Sakwise kuwi, korban diwenehi duit Rp100 ewu lan dijanjeni bebas biaya sakdurunge mondok neng pesantren. (gen/kid)
——-
Berita dari .radarmadiun