12/04/2026
๐๐ถ๐น๐ผ๐๐ผ๐ณ๐ถ ๐จ๐๐ฎ๐ต
๐๐ฎ๐๐ ๐๐ ๐ช ๐ช๐ฌ๐ค๐จ๐๐ฃ๐ ๐ฌ๐๐ฎ๐๐.
Uyah iku dudu mung rasa asin,
nanging wujud saka suwene wektu lan lakuning proses.
Segara kang amba, srengenge kang madhangi,
lan wektu kang dawaโฆ
kabeh nyawiji mujudake uyah.
Uyah iku uwosing wayah,
sari saka proses kang ora katon,
asil saka wektu kang ora sedhela,
dilakoni kanthi sabar.
Koyo uripโฆ
apa sing saiki den rasakake,
iku uga uwosing wayah.
Saka laku kang wus lumampah wingi,
saka proses kang ora katon,
lan saka wektu sing wus den lakoni tumeka saiki.
Mula ana tetembungan,
wong tuwa lan wong kang duweni pengalaman iku
wong kang wus wareg mangan pait lan asine urip,
uwosing wayah.
๐ง๐ฒ๐ฟ๐ท๐ฒ๐บ๐ฎ๐ต ๐๐ฎ๐ต๐ฎ๐๐ฎ ๐๐ป๐ฑ๐ผ๐ป๐ฒ๐๐ถ๐ฎ
Garam adalah inti dari waktu.
Garam bukan sekadar rasa asin,
melainkan wujud dari lamanya waktu dan perjalanan proses.
Laut yang luas, matahari yang menyinari,
dan waktu yang panjangโฆ
semuanya menyatu hingga membentuk garam.
Garam adalah inti dari waktu,
sari dari proses yang tidak terlihat,
hasil dari waktu yang tidak sebentar,
yang dijalani dengan kesabaran.
Seperti kehidupanโฆ
apa yang sekarang kamu rasakan,
itu juga merupakan inti dari waktu.
Dari perjalanan yang telah kamu lalui kemarin,
dari proses yang tidak terlihat,
dan dari waktu yang telah kamu jalani hingga hari ini.
Maka ada ungkapan,
orang tua dan orang yang berpengalaman adalah
orang yang sudah kenyang merasakan pahit dan asinnya kehidupan,
itulah inti dari waktu.