09/01/2026
Ora Main-main, 67 Ewu Hektare Lahan Ning Batang Kritis, Papat Kecamatan Rawan Longsor
PEKALONGAN TRENDING - Kondisi lingkungan ning Kabupaten Batang saiki nguwatirke. ono sekitar 67.260 hektare lahan sing kondisine wis kritis tekan berpotensi kritis, dadi ancaman longsor, utamane ning wilayah pegunungan.
Data BPS lan DLH taun 2024 nyebutke, lahan kuwi kebagi dadi pirang-pirang kondisi. Sangat kritis ono 1.050 hektare, kritis 3.826 hektare, potensi kritis kurang luwih 9.500 hektare, lan agak kritis sekitar 20.200 hektare.
Kepala DLH Batang, Rusmanto, nerangke nek ono papat kecamatan sing mlebu zona abang rawan longsor, yaiku Gerlang (Kecamatan Blado), Bawang, Reban, lan Bandar. Umume wilayah kuwi dadi daerah resapan banyu.
Pemerintah daerah saiki wis nglakoni upaya reboisasi karo nandur wit-witan ning titik rawan longsor. Nanging, alih fungsi lahan dadi kebon sayur ning lereng curam tanpa wit pengikat lemah isih dadi sebab utama rusake lingkungan.
Rusmanto ngelingke, nek lereng ora ono tegakan wit, pas udan deres rawan banget kedaden longsor.
Data diolah metropekalongan