11/04/2019
Cara nyoblos sing bener tanggal 17 april 2019 (edisi pencitraan)
1. Adus, dandan rapi, anggo minyak wangi mbokan ketemu jodo nang kono
2. Kudu teka langsung nang TPS, pilpres dudu indonesian idol, sing bisa vote liwat sms
3. Eling ya, TPS buka jam 07.00-13.00, dudu Indomaret sing buka nganti 24 jam.
4. Aja milih TPS sing adoh, sing perek beh rung tentu jadian koh
5. Nang TPS antri sing tertib, ora sah ngarep diwei snack, kiye dudu hajatan
6. Nang njero bilik suara aja kesuwen, apamaning glelengan ngrungokna dangdut, melas sing antri
7. D**g mbukak surat suara ora sah di pidio, dudu acara unboxing kaya nang yutub mbok
8. Surat suara dudu surat cinta, ora sah diwolak walik, apa maning karo crengas crenges kaya wong kurang
9. Aja dipilih sing janjine manis namung lamis, ora tau ditepati
10. Coblos sepenuh hati aja sepenuh jiwa, dadi ning pilihane kalah paling mung sakit hati, ora sakit jiwa
11. Bar nyoblos, surat suara lipet maning sing rapi, senajan atine koen berantakan
12. Nang kotak suara, sing lebokna surat suarane. Ora sah nglebokna amplop duit, mangan beh egin njalok simbok e koh
13. Aja klalen, jentike lebokna nang tinta yak, tapi ora sah diputer apa maning dijilat, emang oreo mbok?
14. D**g balik ora usah dadah², apamaning cium tangan karo KPPS, katon nemen jomblone
15. Terakhir, balike liwat dalan sing bener. Masa lalune koen sing ora bener ora sah diliwati maning yak
Sekian
Salam waras