01/06/2025
LAHIRE PANCASILA
Lahire Pancasila, kang dipèngêti saben tanggal 1 Juni, ora luput saka kuwasane Pangeran.
Pangeran iku siji, langgeng, sing nganakake jagad iki saisine, dadi sesembahane wong saalam kabeh, nganggo carane dhewe-dhewe.
Pangeran iku ana ing ngendi papan, aneng sira uga ana Pangeran, nanging aja sira wani ngaku Pangeran.
Pangeran iku adoh tanpa wangenan, cedhak tanpa senggolan.
Pangeran iku ora sare
Pangeran iku langgeng, tan kena kinaya ngapa, sangkan paraning dumadi.
Urip iku saka Pangeran, bali marang Pangeran
Gusti iku sambaten naliko sira lagi nandhang kasangsaran. Pujinen yen sira lagi nampa kanugrahaning Gusti.
Weruh marang Pangeran iku ateges wis weruh marang awake dhewe, lamun durung weruh awake dhewe, tangeh lamun weruh marang Pangeran.
Gusti iku dumunung ana atining manungsa kang becik, mula iku, diarani Gusti iku bagusing ati.
Pasrah marang Pangeran iku ora ateges ora gelem nyambut gawe, nanging percaya yen Pangeran iku Maha Kuwasa. Dese kasil orane apa kang kita tuju kuwi saka karsane Pangeran.
The Lord is One—omnipresent, eternal.
He is the source of all creation, the One worshipped by all, each in their own way.
The Lord is everywhere.
You too have a Lord.
But beware—do not dare claim to be the Lord.
The Lord is distant, untouched by form—
Yet near, closer than breath, still untouched.
The Lord does not sleep.
He is the ever-awake witness, beyond time.
The Lord is eternal.
Nothing must happen.
Nothing needs to be made.
For all things already rest in Him.
To surrender to the Lord is not to avoid work,
But to trust that He is Almighty.
Our efforts bear fruit only by His will.
When sorrow finds you, it is God you turn to.
So when joy arrives, let your praises rise to Him.
To see the Lord is to see your true self.
If you have yet to see yourself,
then how much greater still—to behold the Lord.
God dwells within the heart that is good,
and so it is said: God is good of heart.